Sabtu, 26 November 2016



DOLAN Menyang MALANG
            Kenalno rek jenengku iki anis arek sing paling keren sak grup enem. Aku nduweni konco sing paling raket onok enem totale tekan aku yaiku onok jiah, wanda, nanda, kuntin lan dela. Aku paling seneng karo arek ngunuku amarga kepribadiane arek lima iku sederhana,ora neko-neko lan gausah jaim(jogo image). Cocok pol karo kepribadianku. Aku lan arek-arek nek ngumpul mah gampang gak usah repot-repot ngetokno duwet akeh mung bondo panganan wes bakal seru. Amarga keseruam iku ndewe sing nggawe duduk ndewe sing digawe keseruan. Aku lan arek lia iku jarang metu bareng palingan isok ngumpul teros cerita-cerita. Tapi masiouripku lan arek-arek biasa aku karo arek lima yo nduweni cita-cita rek.!!!! Wes sakmunu wae yo kanggo perkenalane.
            Kawitane iku aku wektu kelas 11 SMA nduweni encana kepengen banget metu bareng-bareng karo arek lima. Pisan-pisan lah nang malang karo grupku dewe gawe mobil dewe. Eh sayange ndek antara arek enem iki ora onok sing nduweni mobil dadi yo jalan siji-sijine yaiku nyarter/nyewa mobil.
“heh rek awakmu iki gak kepengen ta metu bareng-bareng nang malang? Pisan-pisan metu bareng ngunu loh rek ben seru” omongku nang arek lima.
“wah iyo aku yo kepengen tapi nang malang endi yo?” omongane dela.
“iku ae loh ayo nang pantai ae” ucape wanda. “nek pantai nang pantai opo? Opo nang balekambang ae?” ucape nanda
“nek arep nang pantai mosok tujuane mung siji wae? Rugi lah” omongku nang arek-arek.
“yo wis nek unu menyang wisata gawenane manugso ae piye? Tapi nek nang malang wisata gawenane manungso akehe neng Batu.” Jare jiah. “oke-oke menyang jatim park 1 ae loh isok dulinan sakmunu suwene.” Omongane kuntin.
“ojok jatim park 1 aku gak seneng loh. Awakku engko marai pegel kabeh engko mundhak mari numpak wahanae engko sirahku ngelu” omongane nanda. “walah repot sisan yo nek ngeneki.” Ucape dela. *suasana wes mulai gerah mangkane omongane wes gak enak*
“yo wes ngene wae. Tujuane dipeker engko sek saiki mikir kapan budhale lan gowo mobil opo nyepeda?” tengahku ning arek-arek. “walah nek karo sepeda aku yo sik gak wani. Engko malah gak diolehi ibuk budhal” jarene jiah.
“karo mobil a? Ndewe iki nyater ae mobil sing apik tapi murah ae?” usulku nang arek-arek.
“larang ta ojok nek larang?” omongane wanda. “igak tak usahakno golek sing murah ae nek unu. Sing nyopir pamanku ae piye? Seenggakke ndewe isok mbayari titik lah?” jareku.
“yo wes lah nyupire pamanmu yo nis. Lah kiro-kiro tanggal piro budhale?” jarene dela.
“pas wayahe preian sekolah semester genap ae loh kan enak.” Jarene wanda. “loh rek pas preian sekolah iku ndewe iki wayahe poso romadhon. Gak enak nek dolan wektu posoan gak isok ngrasakake lakan.” Jarene dela.
“lah teros iki enake kapan?” ucape jiah sing wes mulai jengkel. “ikuae loh wektu remidian semester genap kan iku ndewe bingung are lapoan maneh?” usule kuntin.
“iyo wektu iku ae kan enak.” Omongku. “ojok wektu iku ta,aku wedi dilokno bapak loh. Ku kan jek wektu me;bu sekolah.” Jare nanda.
“lah teros kapan? Kok mbulet ae.” Jiah wes kejengkelen. “lah teros yok opo maneh. Aku gak diolehi bapak loh engko malah aku sing dilokno.” Ucape nanda. *wes mulai panas.debat iki*
“sabar rek sabar. Dipikirno karo sirah sing adem ae yo gak atek muremg-mureng.” Jarene dela.
“yo wes kanggo dalan tengahe aku ndue usulan ben mene tanggal 5 mei ae iku kan prei toh sedino. Iku ndewe gawe kanggo refreshing ae. Piye? Masalah montor,bensin,engko tak rundingne karo pamanku ae yo.?” Ucapku.
“iyo yowes nek unu jiah karo nanda wes gausah gontok-gontokan yo.” Omongane wanda.
Akhire wes ditetapno sing nglewati wektu dowo tujuane nang alun-alun Malang. Kebun apel.Selecta lan alun-alun Batu. Gawe mobile koncone pamanku. Total sewa mobil,bensin,tiket masuk sak arek 200rb. Sing melu arek 6 dadine total budget 1,2jt.
*wektu hari H*
            Tanggal 5 aku karo arek lima berangkat nang malang jam 6 isuk nganti tujuan kawitan yaiku alun-alun Malang. Beeeh rame pol nganti aku arep foto ng obyek favorite nang Malang kudu antri disek. Mojokerto kalah lah rek.!!! Banjur mari unu berangkat nang Batu. Dalan arep nang Batu macet pol nganti mobil iku gaisok obah blas rek. Wektu arep nang Batu aku request karo pamanku ben dilewatno kampus ae. Alhamdulillah keturutan. Aku ngerti sithik kampus ngarep UM,UB(kampus impian),Univ sunan Maulana Malik Ibrahim,UMM. Apik pol lah.
Sawise ngenteni macet sing sauwe alhamdulillah nyampe posko kebun apel.
“heh rek iki wes nutuk posko. Ayo tuku bareng ticket wae lah” omongku nang arek lima
“yo wes ayo aku yo pegel longgoh nang mobil” jarene jiah. Dadi arek enem iku modon teko mobil mlaku sithik menyang posko tuku ticket.
“arep nang kebun ta dek” takoke petugase. “enggeh pak” jawabe dela.
“jumlah totale piro dek? Kimau rene gowo mobil dewe ta?” petugase nakoki
“enggeh pak . jumlah totale lare enem.” Jawabe kuntin. “enem teko endi dek wong jumlahe lima ngunu kok?” petugase heran. Aku yo melu heran langsung aku nyawang mengguri ngetong adakno jumlahe mek lima ilang siji.
“loh rek nanda nandi rek,kok ngilang?” takokku. “loh mau perasaan karo aku kok areke?” jawabe wanda. “walah arek iku arep nandi-nandi gak kondo.”jare jiah  (wes mulai mangkel)
“ayo dek sido tumbas ticket piro? Nek wes tuku ticket ayo ndang ditutui pak Salem(nama disamarkan) ben dipandu langsung menyang kebun apel” omonge petugase.
“enggeh pak pesen enem mawon. Kensek nggeh kulo arep nggoleki rencang kulo sing ilang.” Omongku nang petugase.
*moro-moro wanda karo dela teko*
“heh nis aku kimaeng goleki nanda nang toilet bek’e areke nang toilet adakno gaonok nis. Yo’opo iki?” jarene wanda ngunu
“walah arek iku onok ae kelakuane atek ngilang barang. Wes tinggal ae lah.”jarene jiah.
“loh yo ojok ji sakno de’e nek engko ditinggal.” Jare kuntin “lah piye maneh ngesuen-sueni ae aku iki wes lesu,pegel rek. Kepengen mangan apel cek seger awakku.” Jiah wes mulai nggremeng ra karuan.
“ayo dek sido opo ora .iko pak salem wes ngenteni. Pengunjung liyane yo wes siap tinggal ngenteni samean tok iki. Sido ta?” cecare petugase.
“enggeh pak samean kengken ngenteni sek nggeh niki loh rencang kulo ngilang taksih kulo geleki. Samean enteni diluk engkas nggeh pak.” Tawarku nang petugase.
“wes rek ayo mencar goleki nanda ben ndang cepet ketemu. Lima menit engkas nglompok nang kene” Jarene dela.
“wadah nyusahno arek arek iku. Gak eroh koncone lesu be’e atek ngilang barang.” Jiah wes jengkel pol iki.
“sabar talah ji ojok nggremeng ae gak apik loh. Wong yo konco dewe.” Omonge kuntin nang jiah.”
“iyo iyo” mukake jiah wes nesu.
*5menit sak banjure*
“heh rek sepurane yo aku mau ngilang.” Moro-moro nanda teko
‘wadah teko endi ae seh ket mau ngilang. Digoleki rono rene gak onok. Oenggaweane gawe wong liyane repot ae.” Omele jiah nang nanda.
‘sepurane talah ji ojok moreng-moreng.” Nanda mbojok jiah.
“awakmu iku resek. Aku wes lesu kepengen mangan apel duk mangan angin. Atek ngilang barang lapo ae seh.” Jiah wes mulai kumat
“yo wes mumpung wes ngumpul ayo ndang melbu nang mobil dienteni pak Salem iko loh. Sungka yoan tukaran kok nang dalan disawang uwong iku loh. Isin rek.” Ajakku nang arek-arek.
“awakmu mau teko endi ae seh nda. Kok atek ngilang barang? Tak goleki nang toilet yo gaonok. Khawatir nda liyane iki” omonge wanda. “sepurane rek aku mau nang toilet wetengku mules gak tahan dadi mau gak sempet pamit.” Jelase nanda.
“loh mau wanda nang toilet awakmu kok gaonok. Mau jarene wanda yo wes celok-celok kok gak dijawab.” Takoke dela. “paleng maeng aku gak krungu amarga toilete kedap suoro dadi gak krungu.” Jelase nanda.
“yo wes mari rek masalahe. Nanda wes ketemu ndewe yo wes perjalanan nang kebun apel. Wes ojok diterosno. Kanggo nanda mene maneh nek arep nandi-nandi kondoo disek yo ben gak dadi gelek-gelekane uwong.” Kandaku nang arek-arek.
“iyo rek aku gak bakal ngilang maneh. Kanggo jiah wes ojok moreng-moreng maneh karo aku. Anggep ae awakmu lagi poso nahan lesu sithik yo diluk engkas wes totok kebun apel.”bujuke nanda nang jiah.
“iyo aku yo sepuranono yo mau wes nguring-nguringi awakmu.”
“lah lak ngunu akur maneh.” Jare kuntin.
Mari kejadian iku aku lan arek-arek nang kebun apel. Mangan apel sak puase nganti warek banjur mari unu menyang selecta lan alun-alun Batu sing luweh rame tinimbang alun-alun Malang.
Wes mari seneng-senenge langsung moleh menyang dawar. Tapi sak durunge moleh mampir sek nang Pasar Lawang. Tuku sayuran sing jek seger-seger asli Malng. Lan regone yo murah pol. Iku wae sing isok tak critakno. Nek wonte kata-kata sing kurang sopan monggo dimaklumi. Wassalamualaikum.wr.wb

Created :
1.      Deni Febriani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar